Thursday, October 20, 2011

Iman Hijrah dan Jihad : Wewarah Pitu

Wewarah Pitu


Wajibing Warga Sapta Darma
saben warga kudu netepi wajib:


1. Setya tuhu marang Allah Hyang Maha Agung, Maha Rokhim, Maha Adil, Maha Wasesa lan Maha Langgeng.

2. Kanthi jujur lan sucining ati kudu setya anindakake angger-anggering negarane.

3. Melu cawe-cawe acancut tali wanda njaga adeging Nusa lan Bangsane.

4. Tetulung marang sapa bae yen perlu, kanthi ora nduwe pamrih apa bae, kejaba mung rasa welas lan asih.

5. Wani urip kanthi kapitayan saka kekuwatane dhewe.

6. Tanduke Marang warga bebrayan kudu susila kanthi alusing budi pakarti, tansah agawe pepadhang lan mareming liyan.

7. Yakin yen kahanan donya iku ora langgeng tansah owah gingsir (anyakra manggilingan)

0 komentar:

Post a Comment

Berkomentarlah dengan santun